Kamis, 31 Maret 2016

Sabtu, 23 Mei 2015

BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH

BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH Bawang Putih yaiku bocah wadon kang wis ora duwe bapak lan ibu. Deweke urip karo ibu tirine sing duwe anak wadon kang umure padha karo Bawang Putih. Saben dina Bawang Putih dikongkon nyambut gawe sing abot-abot, umpamane ngangsu nyang sumber sing jarake adoh seko omah. Kosok baline si Bawang Abang ora tau dikongkon ngrewangi ibune. Gawean sing gampang, umpamane makani ayam, nyapu latar, ngguwang resak, kabeh kudu ditindakne Bawang Putih, padahal Bawang Abang ora nyambut gawe opo-opo. Bawang Putih ugo dikongkon golek kayu bakar kanggo masak. Nanging Bawang Putih ora tahu ngresula. Bawang Putih nglakoni urip kanthi tabah, sanajan ibu tirine ora adil. Amargo saben dina nyambut gawe mula awake Bawang Putih katon seger lan singset. Rupane ayu tur kulite resik. Bawang Abang saben dina gaweane mung dandan lan mangan. Bawang Abang ora trima yen kalah ayu lan kalah menarik tinimbang Bawang Putih. Sak wijining dina, Bawang Putih dikongkon ngumbahi ana ing kali. Sak suwene umbah-umbah, Bawang Putih dibantu karo iwak emas ajaib. Saben klambi sing reget dicelupne ana ing kali langsung resik. Mulane Bawang Putih cepet rampung anggone umbah-umbah. Ngerti yen olehe ngumbahi cepet rampung, ibu tirine dadi curiga. Terus ngakon si Bawang Abang ngetutke Bawang Putih nek umbah-umbah. Liya dina Bawang Abang, kandha karo ibune yen arep ngumbahi menyang kali. Nanging sak temene mung arep nyekel iwak mas ajaib sing gawene ngewangi ngumbahi Bawang Putih. Bareng wis dicekel, iwak mas kuwi banjur digawa mulih lan digoreng karo ibuke. Sak banjure iwak mas goring mau dipangan Bawang Abang lan ibune, nganti meh entek. Sing diturahke mung endas karo balung erine. Nanging Bawang Putih ora gelem mangan, malah turahan kuwi dikubur ana ing latar omahe. Ora suwe, papang sing dingo ngubur mau tuwuh tanduran sing wujud kembang sing elok rupane. Sak wijining dina ana Pangeran sing liwat ing sak ngerepe omahe Bawang Putih. Banjur Pangeran mau mudun seko jarang lan takon sapa sing nandur kembang kuwi. Bawang Abang ngaku yen deweke sing nandur. Pangeran mau malah gedeg, nandakake yen dudu Bawang Abang sing nandur. Sejatine Pageran wis ngerti sing nandur kuwi Bawang Putih. Mulane Bawang Putih diboyong menyang kerajaan arep didadekne garwane.

Logo MA Pecalukan